Tentang Media
Wayang iku salah sijining kabudayan Jawa. Miturut cariyos Jawa, Punakawan ora dijupuk saka epos Mahabharata utawa Ramayana India. Dadi, tokoh Punakawan iku pangripta asli wong Jawa. Tembung Punakawan asale saka tembung puna sing tegese pernah utawa wis ngerti lan kawan sing tegese kanca utawa pengiring. Dadi Punakawan bisa ditegesi kanca sing wis ngerti bener lan salahe bendharane/majikane utawa pambiyantu sing setya lan wicaksana.